akhire aku wes kelakon ngincipi bebek’e peno cak… wekekekekekkk
ndisek nggak kumanan daging, cuman entuk jeroane tok, gara2ne telat. lha budhal teko tengah kota wes jam limo sore cak. tekan perak jam setengah enem iku wes lumayan toh? numpak mobil lho, macet. kapan kapan nek dulin mrono maneh tak numpak bronpit ae ben banter.
sampeyan iku uantik cak, lha dodolan panganan kok bukak’e nggak pas wayahe wong mangan? mestine dodolan sego iku mari maghrib ae, pas wayahe dinner. tak iya? sore sore ngono iku nek jare wong mbritish wayahe ngombe teh, ambek ngemil kripik, eh biskuit.
btw warunge sampeyan kemproh cak. aku atene nulis review soal bebek’e sampeyan ndek blogspot, tapi ditulis yokopo enake? warunge sampeyan kemproh cak. kemproh.
4 comments ↓
hahahahaha…justru iku mi…sing nggarai sedep-mantep. Kemproh !!. Aku iki wis kadung cocok sambel pencite, masio daging bebek’e nggak pati sip. Lho, saiki macak nggawe boso suroboyoan tah ?
Tapi kan wis mari winginane, ampe ono sing jealous
he, sopo jealous ngki?
selamat ya mi.. akhirnya kamu sukses juga membebeknya..
Leave a Comment